XtGem Forum catalog
NULISÉ : SAFAR 28/02/1435 (Rebo Kliwon 010114)
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethithik.
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
Gajah alingan suket teki : lair batiné ora padha, mesthi bakal ketara
Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik
Sing sapa salah bakal séléh : sing sapa salah bakal konangan
Sandhing kebo gupak : cedhak wong kang tumindak ala bisa-bisa katut ala
Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa
Kethék seranggon : kumpulané wong kang tindakané ala
Kandhang langit, bantal ombak, kemul méga : wong sing ora duwé papan panggonan
Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa
Sabar saréh mesthi pikoléh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil
Kuncung nganti temekan gelung : suwé banget anggoné ngenténi